Rabu, 20 Juni 2012

Pitutur


Ana unen-unen yen cah wadon kuwi bebasan kedawan rambut krubetan jarit, akeh saru sikune. Mula ngertia yen cah wadon kuwi luwih apes lan akeh sing nggodha ana ing ngendi-endi panggonan.
Apa maneh ing jaman saiki. Ing jaman edan sing kaya ngene akeh wong lanang sing gampang kena panggodhane setan. Wong lanang sing kena panggodhane setan iku seneng nyedhak-nyedhak karo wong wadon sarana ngandhakake kabecikane, pangkate, bandhane, omahe, lan liya-liyane. Aja gumun yen dheweke loma, gelem tur sering ngulungi apa-apa. Pamprihe keturutan kang diseja napsune. Sahingga wani kandha ngajak urip bebarengan. Mulane, Ndhuk...Cah Ayu, yen ana wong lanang kang kaya ngono tumindake sliramu kudu waspada, kudu ngati-ati. Nyuwuna pitulung marang Gusti Allah. Supayane awakmu selamet lan entuk pituduh hidayahe Gusti. Aja waton "nyah-nyoh" gampangan lelamer keli marang pambujuke setan. Amarga wis ora sithik wong lanang kang duwe tumindak kaya ngono kuwi jebule mung glembuk manis "rayuan gombal". Wusanane jebul mung arep ngrusak kaperwirane wong wadon. Sepisan maneh, aja pisan-pisan  mung kepencut baguse, luwese, pangkate lan liya-liyane. Kabeh mau anggepen setan kang awujud manungsa kang arep gawe rusak marang sliramu. 
Sejatine kang aran bagus lan becik iku dudu rupane, dudu pangkate, lan dudu bandhane. Ananging kang aran bagus lan becik iku, wong lanang kang perwira, kang ora gelem sembrana karo wong wadon kang ora samestine. Wong lanang kang perwira duwe tumindak tatakrama lan seneng tetulung kanti aris lan sabar. Wong lanang kang perwira kuwi babar pisan ora nduweni watak adigang, adingung, adiguna tuwin sregep banget anggone ibadah lan nyambut gawe. Mula aja sepisan-pisan sliramu ngenyek wong lanang kang katone ora duwe bandha. Aja dumeh saiki dheweke lagi mplarat, banjur sliramu tega nyepelekna. Sawangen kae wong wadon sing uripe ning kutho, sing nduweni pikiran kadonyan, "materialistik". Uripe mung tansah susah mikir bandha. Kaya manuk klabakan ana sajroning kurungan, mung tansah ngerkasa lan ora diparingi seneng uripe dening Gusti Allah. Apese wong kaya ngono kuwi, nalika diparingi kesenengan bandha lan pangkat nuli gumedhe lan medhit. Naudzubillah! 
Nduk, ...Cah Ayu, bandha lan pangkat kuwi sayektine ora bisa nyelametake  uripmu lahir batin. Kabeh ora langgeng. Yen ora kepeneran tegese ora kuwat bandha lan pangkat kuwi malah njalari ati peteng. Mula leganana uripmu marang paringane Allah. Yen sira duwe panarima, semeleh, menep lan dhemen syukur insya Allah uripmu bakal tentrem lan ayem. Aja pisan-pisan semugih marang sapa bae, becikana marang tanggamu. Luwih-luwih yen pancen jodhomu tembe kuwi wong sugih utawa pangkat, aja pisan-pisan rumangsa edi lan mulya. Ngelingana yen kabeh iku mung saderma nampa titipan saka ngersane Gusti Allah. Aja nganti lali anggonmu dhemen tetulung marang wong sing pada kekurangan. Aja nganti lali zakatmu! Ngertia yen kahanane bandha lan pangkat kuwi sejatine mung kanggo nguji sepira taqwane manungsa marang gustine.  Sepira gedhene bekti kawula marang Gustine.
Dene menawa sira diganjar dening Gusti Allah dadi wong mlarat. Mula aja cilik atimu. Amarga obah musike jagad iki ana sing nglakokake. Ora ana liya kang bisa ngobahake jagad saisine iku, kejaba mung Gusti Allah. Mula saka iku aja nganti kendhat anggonmu nyenyuwun marang Gusti Allah. Nyuwun slamet ndonya akhirat,tetep pinaringan iman lan Islam, kanti menganggo tata carane fakir. Mangertia bilih nyuwun reksa marang Gusti Allah iku luwih perlu katimbang ngendelake kekuatane bandha, pangkat lan gegaman kang luwih landhep. Mlarat kuwi dudu musibah, nanging pacobaning urip kang sejatine minangka tetunggangan/kendaraan kang bagus lan rikat lakune kanggo nggayuh swargane Allah. Mangkono kuwi tumpraping kang gelem mikir lan wong-wong kang sabar. Sira kudu bisa nuladha kesabarane Siti Imroatun anggone teguh iman Islame sahingga ora kepincut marang gebyare bandha emas picis raja brana. Mula saka iku dak wanti-wanti marang sira aja nganti lena marang kabeh pacobaning uripmu.
Gendhuk-Gendhukku sing tansah katon ayu-ayu! Sarana banget gedhene tresnaku marang sliramu. Becik elinga pitutur iki. Mumpung kabeh durung kadhung kelakon. Sing ati-ati anggonmu sesrawungan. Luwih-luwih karo wong lanang. Sira kudu ngedhunake tlapukan mpripatmu yen kepethuk wong lanang. Sing prasojo! Aja nganeh-nganehi. Aja dhemen gawe "sensasi" lan aja ngatonake pepahesmu. Kejaba pepahes kang wus adate, kanti nutupi sirah lan gulumu tumeka dada. Aja nganti tiru-tiru turis sing pada uda sadalan-dalan ngatonake aurate. Aja kepincut ngganggo suwal lan kathok cekak, pamer pupu lan wentismu kaya lumprahe sing lagi didhemeni bocah wadon saiki. 

Bali marang tuntun Al-Qur'an lan nuladha laku utama angger-anggering agama. Supaya sira pada beja. Elingana sak beja-bejani wong lali isih beja wong kang eling lan waspada.






Tidak ada komentar:

Posting Komentar